Jumat, 19 Agustus 2011

ARTIKEL JAWA ( BUDAYA JAWA )




Basa Jawa Saiki Wis Arang arang Digunakake

Basa Jawa saiki wis pancen arang arang digunakake, akeh bocah ing jaman saiki ora mudheng basa jawa. Awit isih cilik digladhi migunakake basa Indonesia kanggo bsa padinan, kanthi mengkono basa jawa kaanggep angel. Supaya bias migunakake basa jawa kang bener kudu gladhen supaya lancer. Sak ora orane kudu bener pocapane, ngerti tandha wacan.
Kabeh guru mligini guru kang tingkat dhasar mono tugase mandhasi watake bocah, amrih besuke bisaa dadi generasi penerus kang nduweni akhlak kang kena di andelalake sarta duwe pakarti luhur. Awit jroning basa jawa mau akeh kandhungan pendhidhikan tumrap bocah amrih tansah nuhoni tumindak andhap asor, ngetrapake tata karma, tata susila, treping basa samubarang wong, lan sapiturutipun.
Bocah saiki akeh kang babar pisan ora nduweni andhap asor, sludar-sludur kaya wedhus prucul marang guru lan wong tuwa. Apa merga kena pengaruhe jaman kang saya canggih ? kanyatane senajan wulanan basa jawa wis dicacake, nanging asile meksa during maremake. Jalaran wulangan basa jawa during entuk papan jembar kang semestine. Wulangan basa jawa isih kaya dene tanduran tumpang sari ana pinggir galengan, saka ngendi bisane menehi asil kang maksimal. Carane ngetrapake uga during bias rancag, isih kecincungan, jalaran bvocah during nguwasani basa jawa. Luwih-luwih ngenani paramasastra kang ruwet.
“Pak kula badhe kondur rumiyin.”
“Wong kula tindak Malang nitih sepur.”
“Kula lingsem menwi badhe tindak dhateng dalemipun Bu Ning.”
Basa kang sliring mengkono mau kerep keprungu ing bebrayan. Sarehne basa jawa during entuk papan kang semestine, wektune winates, mula guru bisaa nduweni kreativitas kang dhuwur. Contone, nalika ing kalodangan apa bae, bocah tansah dijak komunikasi nggunakake basa jawa, nurut unggah-ungguhing basa. Mesthi bab iki mung kanggo daerah tinamtu wae, kang pendhudhuke mayoritas masyarakat jawa.
Tembang ugi kena kanggo ningkatake pendhidhikan budi pekerti, aja nganti diliwakake marang bocah upama cakepane ngarang dhewe, golek ukara kang kena kanggo ndhidhik bocah, dene lagune bias njiplak saka lagu-lagu kang wis popular., kang bocah wis mesthi gampang apal lan sisane. Wulangan budi pakerti sarana tembang lewih gampang disenengi bocah, awit karo nembang atine seneng lan bocah uga niteni ukara kang ditembangake mau. Timbang sarana ceramah, bocah malah ora pati migatekake, tur ora bisa langsung nyanthel marang jiwane bocah.
Kanggo ngembangake basa jawa, tembang lan budayane, amrih wis lumaku rancag guru kudu bisa mandhiri. Aja nemen nemen njagakaake marang kang nduweni kawenangan. Pengalaman mbuktekake, saben ana program amrih lestari lan ngrembakane basa/budaya jawa, pancen dalane ora lancer, akeh sandhungane. Mligie ngenani prapebaya.
Carane guru bisaa nyawiji karo kelompok masyarakat endi waekaqng nduweni misi nglestarekake sastra lan basa jawa. Umpamane makarya bebarengan karo sastrawan jawa, nganakake lomba ,maca basa jawa, lomba nembang lan sapiturutipun. Bab prabeya bisa golek kanthi sambat marang kang nduweni kawigaten gedhe marang lestari sarta ngrembakane basa jawa. Pokoke sembarang cara bisa dienggo, amrih basa jawa entuk papan kang jembar, merdika urip ngrembaka.
Wosing atur, menwa guru ndueni kreativitas kang dhuwur, bisa ningkatake kemandhirian, ngrenggesengake wulangan basa jawa kalebu tembange kanthi meneka cara, lan bisa oleh asil kang maksimal maremake, wis pada karo ndeder winih unggul generasi penerusing bangsa kang bisa diandelaake samubarange, mligine bab dhuwure akhlak luhuring pakarti.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar